Rabu, 04 Agustus 2010

KAPRAWIRAN PRAJURIT BHAYANGKARA

Yen kelingan tatas, prigel lan trengginase kridaning prajurit bhayangkara Gajah Mada ngadepi para Rakrian Dharmaputra Winehsuka ( Ra Kuti, Ra Yuyu Ra Tanca, Ra Wedeng, Ra Banyak ) sing pada mbalelo marang Prabu Jayanegara, nuwuhke rasa handarbane marang bhayangkara. Prajurit Bahyangkari deneng Prabu Jayanegara sak banjure kapatah dadi prajurit pinilih negara. Kridane prajurit bhayangkara sing prawira sak banjure dadi tulodo marang Polisi Indonesia ugo dijenengi prajurit bhayangkara.

Saben dina yen pada nonton televisi lan maca warta layang kabar (koran) koyoto ora kendat warta sing marahi getem-getem sing nonton. Kabeh mau yen tak sawang kanthi wening ati nduduhke yen manggalaning jurit bhayangkara Indonesia agi kena coba. Kala bendu dirasake manggalaning jurit bhayangkara amarga saka tumindake ”oknum” sing ninggalake kaprawirane.



Coba sakiki dirasake bareng, kepriye jlentrehe kaya – kaya pamong praja (polisi) adoh saka sikep prawira. Prawira atawa perwira kuwi iso diarani bebuden kang kudu didarbeki dening para manggalaning jurit. Manggalaning jurit sing duwe watak kaprawiran sifate kendel, satria, ora ngucireng yuda ora wedi kangelan, tansah mrantasi karya, disiplin lan ngugemi bebener. Manggalaning jurit kang perwira iku nduweni rasa tanggung jawab kang gedhe, tansah njaga martabat utawa harga diri lan adoh saka tindak kang nistha. Umpama nganti tumindak kang luput, wong sing perwira mau wani ndhadha kaluputane lan siyaga nanpa pidana kang bakal dipatrapke.

Ana tulisan iki, ora arep biji prajurit bhayangkara wis tumindah kanthi perwira, nanging mung arep ngelengake, dene manggalaning jurit bhayangkara kuwi sejatine nduwe jejibahan abot sing dilandesi deneng kaprawiraning prajurit. Manggalaning jurit bhayangkara duwe jejibahan minangka abdi adeging kukum (law enforcement officer), abdi kang njaga katentreman (order maintenance) , lan abdi kang mbrantas sing tumindak culiko(crime figters). Nalika nindakake pakaryan, manggalaning jurit bhayangkara sek temene kudu bebarengan karo warga minangka abdi dudu abdi nagara (point of departure). Ateges isa dijarwake yen manggalaning jurit bhayangkara duwe jejibahan minangka abdine kawula, dudu abdine panguasa.

Manggalaning jurit bhayangkara nagara Indonesia amarga “politik” duwe jejibahan sing bingungke. Rikala jaman semana kanthi Tap MPR Nomer II taun 1960 lan Kepres Nomer 21 taun 1960 dene manggalaning jurit bhayangkara dadi siji mlebu tentara (ABRI). Sak banjure kanthi UU nomer 13 taun 1961, UU Nomer 20 Taun 1982 lan UU Nomer 28 taun 1997, sing ndadeki sumpang suh jejibahane manggalaning jurit bhayangkara minangka abdi adeging kukum (law enforcement officer), abdi kang njaga katentreman (order maintenance) uga duwe jejibahan bela negara. Kahanan sing ndadeke Manggalaning jurit bhayangkara lali marang jejibahan minangka abdi kawula, sak banjure ndadeke adoh saka kuwulane dewe.

Pancen manggalaning jurit bhayangkara srana ” reformasi ” wis pisah karo ABRI(TNI), nanging ana pitakon, wis tekan ngendi anggone manggalaning jurit bhayangkara uwal saka ”Catur Dharma Eka Karma” lan bali marang “ tata tentrem kerta raharjo “ sing sejati, yaiku manggalaning jurit minangka pambela kawula kantthi landesan ”rastra sewakottama ”.

Dadi penguasa kuwi tansah nuwuhake aneke coba, yen ora kuat ndadeke bubrah. Panguasa kuwi asring ” Melek gendong lali ”, panguasa kuwi yen wis kuwasa sok – sok lali yen dadi panguasa kuwi mung sedelo, sesuk bakal diganti deneng wong liye. Panguasa kuwi yen kuwasa uga kadang duwe sikep ” aji mumpung ”, sing paling jengkelke yen panguasa kuwi duweni tumindak sing adigang, adigung lan adiguna. Apa sing kedadehan sak iki iso diarani ” rebutan balung tanpa isi ”, sing keplok – keplok koruptor, dene sing nangis kawula cilik. Kisruh kedadehan amerga ana ” oknum ” manggalaning jurit bhayangkara sing lali marang adeging panguasa sing kudu ngayomi kawula cilik.

Mboh bener apa salah, nanging awake dewe iso batang, mesti ana sing ora pener dene kahanane manggalaning jurit bhayangkara dadi kaya saiki. Sing rada ngegiri maneh sifat – sifat prawiro kuwi kethok yen durung mbalung sumsum ing kalanganing manggalaning jurit bhayangkara sing dadi panguasa. Kalungguhan ora kawawas minangka kalodhangan kanggo ngabdi negara, kamulyan lan katentreman bangsa. Para panguasa perlu nengenake tanggung jawab saha njaga kaurmataning kalungguhane sarta wani ndahda kaluputane. Ing Jepang Penguasa sing rumangsa wis nindakake kaluputan, sing rumangsa gagal, kanthi rila legawa banjur mundur kanggo nuduhake tanggung jawab.

Sikep kan perwira iku ngadohi tindak kan nistha, dene kalungguhan kuwi nduweni konsekuensi kang abot. Manggalaning jurit bhayangkara sing dadi panguasa mbutuhake jiwa kang perwira, amarga bakal ndadeke kabeh prajuri bhayangkara samadya lan nduweni tulodo sing cetho. Emani akeh para penguasa sing kengguh ing panggoda, lan gampang lali marang kaprawirane. Lali naliki isi gladi dadi calon prajuri bhayangkara dene neng dada krasa mantep yen duwe jejibahan jaga “ tata tentrem kerta raharjo “ kanthi landesan ”rastra sewakottama ”.

Kaprawiran lan sikep prawira kudu dadi landesan para manggalaning jurit bhayangkara amarga saben dina jejibahan sing kudu dilakoni nuduhake yen Manggalaning jurit bhayangkara dadi abdi negara kang njaga katentreman lan abdi kukum sing mandiri.Ateges minangka ” agen ” abdi manggalaning jurit bhayangkara bakal tumindak netepake kukum kanthi mandiri. Yen ora duwe sikep prawira bakal ngegirisi tumrap kawulo cilik sing ora ngerti marang hukum. Amarga Manggalaning jurit bhayangkara kuwi duwe jejibahan minangka pangayom kawula cilik, dudu sarana wong gedhe (panguasa).

Manut panemuku, kaprawiran lan sikep prawira sing dadi landesan para manggalaning jurit bhayangkara bakal nuwuhke wibawa sing gedhe marang kawulo cilik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar